Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sertifikat para bakul tumuli dipun pasrahaken

Sertifikat para bakul tumuli dipun pasrahaken

Purworejo, www.jogjatv.tv – Pemkab Purworejo tansah kupiya ngrampungaken maneka perkawis administrasi, mliginipun gayut kaliyan sertifikat hak milik tumrap para bakul. Pemkab ngangkah Minggu benjing sedaya sertifikat sampun saged dipun pasrahaken dhateng sekretariat bersama Diskoperindagpar.

Lampah kangge pambangunan peken baledono ingkang kabesmen sawetawis wekdal kapengker, tansah dipun tindakaken dening Pemkab Purworejo Jawa Tengah. Penjabat Bupati Purworejo, Agus Utomo, ugi sampun pepanggihaken kaliyan maneka pehak inggih para bakul, pehak rekanan, bank lan notaris. Salebeting pepanggihan kasebat ugi wonten pasarujukan badhe tumuli masrahaken sedaya sertifikat kios dhateng para bakul ingkang wenang nampi. Agus Utomo mratelakaken bilih wonten 16 sertifikat ingkang sampun dipun pasrahaken dening pehak pengembang dhateng Pemkab, sawetawis bank ugi badhe masrahaken sertifikat ingkang dados boreg, satemah kaajab Minggu ngajeng sedaya sertifikat sampun saged dipun tampi dening Diskoperindagpar.

Menawi sedaya sertifikat sampun dipun pasrahaken dhateng Pemkab, pramila perjanjian kerjasama badhe tumuli dipun pungkasi kadosdene nalika lampah pambangunan peken. Kangge pambangunan peken baledono piyambak sampun cumawis redana 25 Milyar Anggaran APBD 2 lan 5 Milyar bantuan APBD 1 Propinsi. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.