Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Program Sekolah Ramah Anak

Program Sekolah Ramah Anak

Sleman, www.jogjatv.tv – Kanthi ancas kangge nggatra bebuden luhur lare  Pemkab Sleman tembayatan kaliyan perusahaan daerah ing sleman nindakaken program sekolah ramah anak dhateng sawetawis sekolah ing Sleman. Kangge nindakaken program kasebat, Perusahaan Daerah Air Minum (PDAM) Sleman  suka bantuwan piranti lampahing  program  Sekolah Ramah Anak ing SDN 1 Tlacap Pandowoharjo, Kecamatan Sleman,Kabupaten Sleman dinten Selasa (14/6).

Bantuwan piranti  program Sekolah Ramah Anak dipun pasrahaken dening Direktur PDAM Sleman, Dwi Nurwata dhateng  Kepala SD Tlacap 1 Sugianto. Miturut  Direktur PDAM Sleman, Dwi Nurwata, piranti ingkang dipun pasrahaken antawisipun wiper kaca, pengilon, jam, serbet sarta  alat kebersihan anak antawisipun  sikat,sabun lan odol gunggung Rp.6 yuta. Bantuwan kasebat badhe dipun pasrahaken kanthi lumintu sadanguning 2 taun trep kaliyan  kabetahan sekolah.

Miturut koordinator pelaksana program Sekolah Ramah Anak  SDN 1 Tlacap,Widuri ing Sleman wonten tigang  sekolah ingkang dipun dhapuk dening Pemkab Sleman nindakaken  program Sekolah Ramah Anak inggih punika SDN Tlacap, SMPN 1 Minggir lan SMPN 3 Kalasan. Salebeting program punika pelajar dipun gegulang nresnani sedaya kanca kados dene nresnani dhirinipun piyambak sarta    rukun kaliyan  kakak lan adik kelas. Awit saking punika sedaya pelajar boten dipun keparengaken daksiya kaliyan kancanipun.  Kangge miwiti lampahing program siswa kedah njagi resiking  wewengkon sakiwa tengenipun, njagi resiking badan lan ngajeni kanca-kancanipun. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.