Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pemkab Buka Sesarengan Juru Warta

Pemkab Buka Sesarengan Juru Warta

Purworejo, www.jogjatv.tv – Pemkab Purworejo, Jawa Tengah dinten Senen (13/6) nggelar buka siyam sesarengan kaliyan para juru warta sa Kabupaten Purworejo. Kridha punika dipun estreni dening Bupati Purworejo Agus Bastian, Sekda Tri Handoyo, wakil bebadan ingkang magepokan sarta sedaya juru warta, inggih cetak, elektronik punapadene on line. Salebeting pambagyanipun, Bupati Purworejo Agus Bastian mratelakaken, buka siyam sesarengan para juru warta punika, inggih buka siyam sepisanan ingkang dipun gelar sasampunipun kawisudha minangka Bupati Purworejo. Kiprah pakaryanipun para juru warta minangka mitra pemkab dipun betahaken sanget, kangge nyaruwe lan nampi usulan saking masyarakat kangge njurung pakaryanipun pemkab mbangun Purworejo langkung sae malih.

Gayut kaliyan pambangunan ingkang sampun dipun tindakaken, bupati nelakaken taksih kathah pakaryan ingkang dereng saged dipun rampungaken, mliginipun bab peken baledono. Pawartos saking media inggih wigati sanget kangge njagi tentreming suwasana. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.