Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Margi Risak Dereng Dipun Dandosi

Margi Risak Dereng Dipun Dandosi

Bantul, www.jogjatv.tv – Tumapak minggu kaping kalih ing Wulan Siyam, sawetawis margi baku ing Kabupaten Bantul taksih wonten ingkang risak. Dereng wonten kupiya saking dinas ingkang kawogan kangge ndandosi margi ingkang risak, ngawekani dhedhelipun arus mudik lan arus balik benjing. Sinaosa kawontenanipun boten nemen nanging jeglongan alit sarta aspal ingkang benthet saged njalari kacilakan.

Sawetawis margi baku ing Kabupaten Bantul, ngantos samangke taksih kathah ingkang risak. Kadosta margi Bakulan – Palbapang. Sauruting margi racak wonten peranganipun ingkang mlethek. Boten namung punika, ugi kathah jeglongan alit ingkang sumebar atusan papan, sauruting margi baku lintas selatan Kabupaten Bantul.

Margi Bakulan-Palbapang inggih jalur baku Lintas Selatan Bantul. Jalur punika nyambetaken Jalur Selatan Kabupaten Kulonprogo- Kreteg Srandakan- ngantos Kabupaten Gunungkidul langkung Jalur Dlingo utawi Panggang. Saged dipun pesthekaken, nalika wanci mudhik, volume kendaraan ing jalur punika saya dhedhel. Dinas PU Bantul nelakaken boten saged ndandosi jalur kasebat, awit margi punika wewenangipun Dinas PU DIY. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.