Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lomba Lukis Kaligrafi Lan Pemandangan

Lomba Lukis Kaligrafi Lan Pemandangan

Klaten, www.jogjatv.tv – Kangge nanjakaken kalodhangan wekdal ing Wulan Siyam, maneka kridha dipun gelar, salah satunggalipun inggih kanthi lomba lukis kaligrafi sarta pemandangan, lampahing lomba dipun estreni dening 85 pamupu saking kalanganing siswa Sekolah Dasar (SD) mapan ing SMPN 2 Delanggu, Klaten.  Kanthi nanjakaken piranti lukis, inggih pensil warna punapadene krayon, para pamupu mardika milih tema lukis . Lomba lukis sengaja dipun gelar salebeting Wulan Siyam supados para siswa SD saged nanjakaken kalodhangan wekdalipun kanthi kridha ingkang gumathok, boten namung dolan. Kejawi punika lomba kasebat ugi kangge ngasah bakatipun lare ing babagan seni lukis.

Supados pamupu langkung greget, panitia nyawisaken bebingah wujud piala lan arta pembinaan sarta maneka door prize sanesipun. ( Sri Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.