Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lomba Koor Gereja

Lomba Koor Gereja

Klaten, www.jogjatv.tv – Kangge ngindhakaken mutu, welasan kelompok paduan suara ing Klaten Jawa Tengah, tumut lomba koor ingkang dipun gelar dening Gereja Katolik Santa Maria Assumpta Klaten. Kanthi gumelaring kridha kados makaten, kaajab ing tembenipun kelompok paduan suara sageda ngrembaka lan saged tumut ngregengaken maneka kridha utawi ladosan.

Saben kelompok nyanyi tigang lagu, inggih punika setunggal lagu wajib Jadilah Saksiku anggitanipun Jerry Kirk lan lagu pilihan Kyrie sarta lagu bebas bab Maria. Ketua panitia  lomba, Lucas Crisantyo mratelakaken, lampahing lomba inggih agenda rutin ingkang tansah dipun tindakaken kangge nggrengsengaken paduan suara gereja satemah nuansa liturgi lan peribadatan dados langkung gesang. Lumantar festival, kaajab saya kathah umat ingkang tumut paduan suara, lan mutunipun ugi saya sae.

Lucas ugi mratelakaken, musik gereja sarta lagu-lagunipun inggih wigati, jalaran musik sarta koor kasebat njurung gregetipun umat kangge gumolong. Kangge ngrembakakaken paduan suara badhe tansah dipun tindakaken kanthi maneka cara, inggih kanthi pendampingan, pembinaan, nggelar festival, lomba utawi nedhak nurunaken dhateng penerus. ( Haryadi )

 

Share this with friends

Comments are closed.