Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Waspada Konsumsi Jampi Herbal 

Waspada Konsumsi Jampi Herbal 

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Masyarakat kaajab waspada nalika konsumsi jampi herbal. Bab kasebat jalaran kathah jampi herbal ingkang sampun dipun campur obat kimia ingkang mbebayani tumrap kasarasaning badan. Supados kalis saking produk makaten pramila masyarakat kaajab teliti lan namung konsumsi jampi saking produsen ingkang sampun kaloka kemawon.

Kepala pusat informasi dan kajian obat UAD, Akrom, dinten Selasa 14/6) siyang nedahaken salah satunggaling bahan baku jampi herbal, jinten hitam ingkang dipun impor saking Afrika. Bahan jampi punika salah satunggalipun asring dipun tanjakaken dening produsen jampi kangge damel produk jampi herbal kanthi wujud kapsul utawi cair nanging samangke jampi herbal ingkang mratah ing peken kalebet ing Ngayogyakarta, kathah ingkang dipun oplos kaliyan obat kimia ingkang mbebayani. Awit saking punika kaajab masyarakat langkung permati nalika badhe konsumsi jampi  herbal.

Jampi herbal oplosan mbebayani sanget menawi dipun konsumsi. Kepara saged njalari risakipun organ tubuh lan menawi dipun konsumsi kanthi wekdal ingkang dangu, saged njalari tilar donya.  Awit saking punika kangge ngawekani bab kasebat, masyarakat kaajab waspada menawi badhe konsumsi jampi herbal, inggih punika milih produsen jampi ingkang sampun kaloka.

Miturut Akrom, ngantos samangke pehakipun tansah nindakaken panaliten daya kasiyatipun jinten hitam, ingkang sinebat minangka bahan herbal ingkang saged kangge sarana ngusadani maneka sesakit. Kalebet nindakaken panaliten gayut risiko, menawi anggenipun konsumsi kanthi wekdal ingkang dangu. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.