Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Progam Pembangunan Rumah Tak Layak Huni

Progam Pembangunan Rumah Tak Layak Huni

Klaten www.jogjatv.tv –  Pemkab Klaten nedheng nindakaken Program Pembangunan Rumah Tak Layak Huni, (RTLH).  Progam kasebat sakelangkung murakabi tumrap warga miskin, awit saking punika  saben taun, Pemkab Klaten tansah nyawisaken  dana renovasi RTLH.

300 warga miskin ing Kecamatan Cawas, nampi bantuwan renovasi rumah saking Pemkab Klaten. Saben KK nampi  bantuwan Rp 8 yuta kangge ndandosi griya lan damel MCK. Program RTLH inggih program unggulan Pemkab Klaten, ingkang sampun lumampah mataun-taun. kangge ngentas kemiskinan kanthi ndandosi griyaning warga ingkang dereng murwat.

Miturut data  Bapermas, Pemkab Klaten taksih gadhah  tanggungan ngentas 8.000 Rumah Tak Layak Huni. Ngantos samangke griyaning warga dereng jinangkepan pekiwan awit saking punika, gunggung redana anggaran pambangunan RTLH taun samangke dipun wimbuhi kangge  bangun sanitasi griya ingkang murwat. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.