Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Nyadran Gunung Genthong

Nyadran Gunung Genthong

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Warga Padhukuhan Manggung, Desa Ngalang, Gedangsari, Gunungkidul, nggelar Tradisi Nyadran  Gunung Genthong, petilasanipun  Prabu Brawijaya V. dinten Selasa (10/5) enjing  kanthi bekta sesaji,  kupat, ingkung ayam sarta maneka wulu wedaling bumi, antawisipun tela, dele lan kacang prol ingkang dipun godhog. Pucaking upacara, warga dahar kembul.

Miturut Kepala Desa Ngalang, Kaderi Nyadran Gunung Gentong dipun tindakaken kanthi turun temurun dening warga ing saben Wulan Ruwah  minangka pratelan raos syukur awit sih nugraha Gusti Ingkang Hakarya Jagat sarta dados kalodhangan kangge grengsengaken gotong royong ing madyaning masyarakat lan kangge dongakaken para leluwur. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.