Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Miniatur Kapal Dalam Botol

Miniatur Kapal Dalam Botol

Klaten, www.jogjatv.tv – Ndayakaken kreativitas boten wonten watesipun.awit saking punika, satunggaling warga Klaten, Jawa Tengah, gadhah gagasan nanjakaken limbah botol rumah sakit, kangge damel kerajinan miniatur kapal dalam botol ingkang mranani.

Agung Santoso, Warga Desa Klepu, Kecamatan Ceper, Klaten, Jawa Tengah ingkang sakawit makarya minangka bakul tempe, 3 taun pungkasan  nekuni pakaryan minmangka perajin  miniatur kapal dalam botol kanthi pawitan telaten lan sabar. Kanthi ndayakaken 15 tangga tepalihipun, Agung  damel atusan miniatur kapal dalam botol, saben dinten, nanjakaken  limbah botol  rumah sakit, kajeng lan kain perca .

Regi miniatur kapal antawis Rp1.500,00  ngantos Rp 35.000,00 gumantung ukuran botolipun. Panyadening  miniatur kapal dalam botol rumambah dhateng saindhenging Indonesia kepara ngantos ngamanca., antawisipun  Amerika Serikat lan Turki. ( Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.