Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Prajurit Kraton Ngayogyakarta Tumut Upacara Hari Pahlawan

Prajurit Kraton Ngayogyakarta Tumut Upacara Hari Pahlawan

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Puluhan prajurit Kraton Yogyakarta, saking sedasa bergodo utawi kesatuan, mengeti Hari Pahlawan, kanthi tumut upacara, ing Alun – alun ler Kraton Ngayogyakarta.

Prajurit Kraton Ngayogyakarta, ingkang tumut upacara pengetan Hari Pahlawan 10 November inggih wakil saking 10 bergodo prajurit Kraton Ngayogyakarta. Sedasa bregada prajurit kasebat inggih, Bergodo Lombok Abang, Daeng, Patangpuluh, Jogokaryo, Prawirotomo, Nyutro, Ketanggung, Mantrijero, Bugis sarta Bergodo Surokarso.

Kejawi ngangge busana keprajuritan ciri mathi bregada, para prajurit ugi bekta sanjata jangkep, waos, dhuwung lan bedhil. Prajurit kraton tumut upacara Hari Pahlawan, minangka wujud raos bekti dhateng para pahlawan, ingkang gugur mbelani kamardikan. Nalika jaman perang kamardikan, Prajurit Kraton Ngayogyakarta ugi tumut ngreksa Negara Kesatuan Republik Indonesia.

Kejawi prajurit Kraton Ngayogyakarta, upacara pengetan Hari Pahlawan ugi dipun estreni dening warganing TNI lan Polri, kanthi inspektur upacara, Gubernur Akademi Angkatan Udara, Marsekal Muda Dedi Permadi.

( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.