Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Rekam Jejak Sejarah Perjuangan Pangeran Diponegoro

Rekam Jejak Sejarah Perjuangan Pangeran Diponegoro

Yogyakarta,www.jogjatv.tv – Pahlawan Nasional Indonesia, kathah sanget, antawisipun Pangeran Diponegoro.Kangge ngenget-enget labuh labetipun pramila dalemipun Pangeran Diponegoro ingkang dumunung ing Jalan Hos Cokroaminoto, Tegal Rejo, Yogyakarta, dipun bangun monumen sarta museum Pangeran Diponegoro Sasana Wiratama.

Ing monumen lan museum Pangeran Diponegoro Sasana Wiratama, sumimpen rekam jejak sejarah pahlawan nasional Pangeran Diponegoro. Saderengipun kangge museum, papan kasebat inggih dalemipun Pangeran Diponegoro, narapraja lan sentana Kraton Ngayogyakarta ingkang ugi dados pahlawan bangsa Indonesia, berjuwang mengsah penjajah Walandi taun 1825 ngantos 1830. Sinaosa sentana Kraton Ngayogyakarta, Pangeran Diponegoro langkung remen mapan dhateng Tegalrejo, dalemipun eyang buyut putri, garwa prameswari Hamengkubuwono I.

Ing museum kasebat sumimpen koleksi barang barang gadhahanipun prajurit Pangeran Diponegoro, sarta lukisan ingkang nyariyosaken perjuangan Pangeran Diponegoro nalika njebol tembok amrih uwal saking kepungan kumpeni. Jalaran wurung manggihaken Pangeran Diponegoro penjajah lajeng besem dalemipun Pangeran Diponegoro.

Sinaosa pendhapi dalem sampun dipun mulyakaken, nanging taksih wonten perangan wewangunan ingkang asli lan dados seksi bisu, inggih punika tembok ingkang dipun jebol kajejak dening Pangeran Diponegoro, katingal ing perangan tengen pendhapi dene iring kiwa pendhapi wonten sela komboran kuda Pangeran Diponegoro.

Miturut kepala museum, Letda Infantri Partija, Pangeran Diponegoro kaajab dados sumber gagasan tumrap para mudha anggenipun mbelani bangsa lan nagari ingkang lila kurban jiwa raga amrih santosaning bangsa Indonesia.

Monumen lan museum ingkang dipun kemonah dening Korem 072 Pamungkas , madeg taun 1969, ancasipun kangge ngenget-enget labuh labet perjuwanganipun Pangeran Diponegoro. Sinaosa mujudaken papan wigati, emanipun masyarakat mliginipun wiranem boten mangertos dhateng monumen lan museum punika, awit tansah sepen.

Salebeting pengetan Hari Pahlawan, tanggal 10 November samangke, para muda kaajab purun ngenget-enget labuh labetipun para pahlawan, antawisipun kanthi napak tilas perjuangan lumantar museum.

( Twin Kumilah )

Share this with friends

Comments are closed.