Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Layanan Sms Bunda

Layanan Sms Bunda

Yogyakarta, www.jogjatv.tv –Kangge nyuda angka kematian ibu melahirkan dan bayi, Kementrian Kesehatan RI, dinten Selasa (10/11) siyang ngepyakaken program ladosan enggal, Layanan Sms Bunda. Sinaosa program Sms Bunda sampun dipun tindakaken dhateng sawetawis provinsi ing Indonesia nanging kangge DIY saweg sepisanan dipun kepyakaken ing Kota Yogyakarta.

Ladosan lelahanan Sms Bunda dipun kepyakaken ing Kantor Humas Pemkot Yogyakarta. Sms Bunda inggih cara enggal ingkang ngemot maneka bab magepokan caranipun ngupakawis ibu ingkang mbobot lan nifas sarta bayi ingkang nembe lair, dipun kintun dhateng ponsel ibu. Ancasipun kangge suka informasi kesehatan, identifikasi tanda bahaya sarta aktif pados bantuwan ingkang dipun betahaken. Miturut Projeck Direktor Sms Bunda, Susanti ngantos samangke sampun wonten 70 ewu pendaptar program Sms Bunda, saking 163 kabupaten kota ing Indonesia .

Wondene miturut Kepala Dinas Kesehatan Kota Yogykarta, Vita Julia, program Layanan Sms Bunda badhe nggampilaken masyarakat ingkang pados informasi bab kesehatan ibu melahirkan dan anak. Layanan Sms Bunda kawawas langkung efesien lan praktis. Awit saking punika pehakipun badhe grengseng nindakaken sosialisasi dhateng rumah sakit, puskesmas sarta layanan kesehatan sanesipun.

Miturut Vita Julia kasus kematian pada ibu dan anak ing Kota Yogyakarta fluktuaktif. Miturut data taun 2013 kasus kematian pada ibu   – 9 kasus, bayi 52 kasus lan balita 10 kasus, taun 2014 kematian pada ibu mandhap dados 2 kasus, bayi 62 kasus lan balita 10 kasus dene ing taun 2015 – 5 kasus kematian ibu, 27 kematian bayi lan 5 kematian balita. Bab wau awit kasep anggenipun suka pitulungan.

( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.