Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Jiarah Dhateng Makam Dr Wahidin Soediro Hoesodo

Jiarah Dhateng Makam Dr Wahidin Soediro Hoesodo

Sleman, www.jogjatv.tv – Mengeti Hari Pahlawan Nasional, pejabat Muspida Sleman, nindakaken upacara bendera sarta jiarah dhateng pasareyanipun Doktor Wahidin Sudiro Husodo, ing Jalan Magelang Kecamatan Mlati Sleman.

Jiarah kapurwakan upacara penghormatan arwah pahlawan kanthi inspektiur upacara Kapolres Sleman, AKBP Farid Zulkarnain. Sasampunipun upacara, kalajengaken ngintun dhateng pasareyanipun Doktor Wahidin Sudiro Husodo.

Miturut Penjabat Bupati Sleman, Gatot Saptadi, jiwa kepahlawanan masyarakat Indonesiaa mliginipun para mudha tansaya luntur awit asring dumados berdondi ing antawisipun kelompok. Awit saking punika, pengetan Hari Pahlawan samangke kaajab nggunggah semangat maneka pehak kangge nulad perjuwangan pahlawan, kanthi nindakaken kridha ingkang murakabi tumrap masyarakat.

Bab sami ugi dipun telakaken dening buyut swargi Doktor Wahidin Sudirio Husodo, Doni Handono, samangke jiwa kepahlawanan warga Indonesia tansaya luntur, antawisipun kirangipun tata krama tumrap para mudha sarta saya lunturipun semangat juang masyarakat. Menawi bab punika saya ndadra, dipun kuwatosaken njalari ringkihing bangsa.

( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.