Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

POTENSI DESA KANGGE KARAHARJAN WARGA

POTENSI DESA KANGGE KARAHARJAN WARGA

Klaten, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Pemerintah Desa Manjungan, Kecamatan Ngawen, Klaten Jawa Tengah nedheng ngangkat maneka daya kaskaya ing desa kasebat amrih pamedal ingkang dipun tampi dening desa saya mindhak. Antawisipun inggih punika daya kaskaya tuk sumber toya. Kanthi ndayakaken tuk sumber toya punika, pemerintah desa damel kolam renang sarta papan kuliner, minangka sarana wisata.

Kadosta Umbul Susuhan, ingkang debit toyanipun sakalangkung ageng. Miturut Kepala Desa Manjungan, Bambang Pramana Dewa, samangke pemerintah desa tansah kupiya ngrembakakaken maneka daya kaskaya ingkang wonten, salah satunggalipun tuk umbul. Wiwit wulan Juli kapengker, ing Umbul Susuhan dipun bangun kolam renang sarta papan wisata kuliner. Kaajab kanthi rekadaya kados makaten saged nambah pamedal desa lan mbikak kalodhangan pakaryan tumrap warga desa.

Bambang ugi mratelakaken, miturut petangan, pambangunan badhe rampung taun ngajeng lan saged tumuli dipun tanjakaken dening masyarakat. Dene redana kangge lampah pembangunan punika asal saking anggaran dana desa. Luberaning toya Umbul Susuhan ngantos samangke ugi dipun tanjakaken dening para kadang tani kangge sarana irigasi.

Sri Haryadi

Share this with friends

Comments are closed.