Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

TERNAK CACING

TERNAK CACING

Klaten, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Samangke ing Klaten Jawa Tengah kathah warga ingkang ternak cacing. Kepara wonten satunggaling padhukuhan ingkang racak warganipun budidaya cacing, awit cara pangupakawisipun gampil lan asilipun lumayan.

Para ibu ing Padhukuhan Batilan, Desa Krakitan, Bayat, Klaten, Jawa Tengah, sinau cara ternak cacing dhateng salah satunggal griyanipun peternak cacing. Ternak cacing punika sampun dipun lampahi watawis kalih taun. Sinaosa sakawit katingal jenes lan reged, nanging samangke para ibu punika sampun kulina. Ternak cacing wiwit saking nyebar bibit ngantos panen sabotenipun mbetahaken wekdal watawis setunggal ngantos setunggal setengah wulan. Kangge cacing merah, saben kilonipun saged pajeng Rp. 30.000, dene jinis cacing kristal regi panyadenipun ngantos Rp.45.000. Cacing silver reginipun Rp. 50.000 dene cacing jinis Australia reginipun Rp. 75.000 saben kilonipun.

Cacing Australia padatan dipun ginakaken kangge bahan dasar kosmetik sarta kangge obat tipes, step lan demam tinggi. Wondene cacing kristal, cacing merah lan cacing fosfor, dipun tanjakaken kangge pakan peksi utawi pakan kangge mancing. Panyadening cacing punika sampun dumugi sanjawining rangkah, kadosta dhateng Ngawi, Malang, Purworejo, saindenging DIY sarta Purworejo lan sawetawis kitha ageng sanesipun.

Sri Haryadi

Share this with friends

Comments are closed.