Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

NGAWEKANI PTM LUMANTAR POSPINDU

NGAWEKANI PTM LUMANTAR POSPINDU

Klaten, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Ewahipun pola penyakit saking penyakit menular dhateng penyakit tidak menular utawi PTM, dados perkawis enggal tumrap kasarasan, kanthi angka kasus ingkang inggil.Masyarakat kedah waspada dhateng penyakit tidak menular kadosta darah tinggi, jantung koroner, diabeteslan stroke, antawisipun kanthi priksa kasarasan dhateng Pos Pembinaan Terpadu,ingkang dipun dhapuk ing tataran padhukuhan.

Desa Baturan, Kecamatan Gantiwarno, Kabupaten Klaten, sampun ngukuhaken tigang Pospindu dhateng saben padhukuhan. Ketua Pospindu 3 Padhukuhan Baturan, Sunardi mratelakaken,Pos Pembinaan Terpadu utawi Pospindu inggih wujud ladosan dhateng masyarakat lumantar cara preventif kangge deteksi lan ngendhaleni faktor risiko penyakit tidak menular. Bab wragad inggih adhedhasar pasarujukan warga lumantar musyawarah, makaten ugi bab jinis kridha ingkang dipun tindakaken kadosta olahraga lan priksan kasarasan tembayatan kaliyan puskesmas.Pospindu punika langkung katujokaken dhateng tiyang diwasa umur langkung saking selangkung taun, inggih ingkang gadhah faktor risiko PTM, kadosta ingkang remen ses, pola makan boten imbang, obesitas, gadhah tekanan darah tinggi, kolesterol, kirang aktifitas fisik, lan ingkang gadhah riwayat kulawarga panandhang penyakit tidak menular.

Sunardi ngajab kanthi wontenipun pospindu ing tataran padhukuhan saged nyuda resiko PTM ing masyarakat.Wondene Ketua Karang Taruna Desa Baturan, Galih mratelakaken,lumantar kridha pospindu ugi saged dados ajang ngengetaken para wiranem supados nebihi narkoba lan miras.

Purwanto

Share this with friends

Comments are closed.