Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

KEMAH BHAKTI PEMUDA PEMBAURAN

KEMAH BHAKTI PEMUDA PEMBAURAN

Yogyakarta, DIY www.jogjatv.tv Satus pelajar lan mahasiswa perwakilan sekolah lan pawiyatan luhur ing DIY, tumut lampahing kridha Kemah Bhakti Pemuda Pembauran Kebangsaan 2015. Kridha ingkang dipun gelar dhateng Pondok Pemuda Ambarbinangun Kecamatan Kasihan Bantul punika ancasipun kangge nggegulang kemandirian sarta ngasah maneka ketrampilan tumrap para wiranem.

Kemah Bhakti Pemuda Kebangsaan 2015 ingkang dipun gelar sadanguning tigang dinten ing Pondok Pemuda Ambar Binangun Kasihan Bantul punika dipun estreni dening satus perwakilan pelajar lan mahasiswa perwakilan sekolah lan pawiyatan luhur ing DIY. Kridha punika dipun gelar wiwit tanggal 19 oktober ngantos 21 oktober 2015, sarta dipun gelar maneka dolanan lan ketrampilan ingkang mbetahaken patembayatan, guyub rukun lan raos sabar. Kemah bhakti pemuda pembauran kebangsaan ingkang dipun gelar saben taun punika ancasipun minangka kridha kangge nggegulang kemandirian lan ketrampilan tumrap wiranem.

Hari Atmaja

Share this with friends

Comments are closed.