Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Polwan Sadeyan Sembako

Polwan Sadeyan Sembako

Bantul, www.jogjatv.tv – Sinaosa minangka jejering polisi nanging kodrat alami minangka satunggaling ibu boten saged dipun pisahaken saking polwan. Awit saking punika kangge mengeti ambal warsa Polwan ingkang kaping 68, puluhan polwan ing Polres Bantul ngadani kridha sosial kanthi sadeyan atusan paket sembako mirah .

Pucak pengetan dinten ambal warsa kaping 68 Polwan ing wewengkon Polres Bantul, dipun punjeraken dhateng  Balai Budaya Desa Dlingo, Kecamatan Dlingo, Bantul. Maneka kridha dipun gelar kangge ngregengaken pengetan ambal warsa punika, kadosta kridha polisi sahabat anak, ladosan SIM keliling lan ugi sadeyan paket sembako mirah.

Senior Polwan Polres Bantul, Kompol Sinungwati mratelakaken, kridha punika inggih kangge sarana supados kepolisian langkung caket kaliyan masyarakat. Kejawi punika, pahargyan ambal warsa Polwan ugi dipun gelar maneka kridha sosial, antawisipun kanthi suka santunan dhateng panandang disabilitas sarta panyadening sembako mirah. Paket sembako kanthi pengaos seket ewu rupiyah dipun sade regi kalihdasa ewu rupiyah kanthi pangajab saged ngentheng -enthengi sesangganipun masyarakat, nalika maneka regi kabetahan baku mindhak. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.