Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

KWT Betah Pambiyantu Pemasaran

KWT Betah Pambiyantu Pemasaran

Sragen, www.jogjatv.tv – Sawetawis Kelompok Wanita Tani (KWT) ing Sragen, Jawa Tengah gadhah produk unggulan ingkang saestunipun gadhah aos ekonomi nanging awit kathah nemahi pepalang kadosta pengemasan lan pemasaran kirang  tumanja pramila kirang saged narik krentegipun konsumen.

Ngawuningani bab kasebat, warganing DPR RI saking  Fraksi PDIP, Agustina Wilujeng Pramestuti nelakaken, inggih dados salah satunggal ayahanipun Pemerintah Daerah Sragen kangge mbiyantu KWT lan UMKM ingkang gadhah produk unggulan.

Agustina ugi mratelakaken, Pemkab Sragen lan Pemprov Jawa Tengah kedah tumut cawe-cawe kangge suka pembinaan lan mbiyantu KWT sarta UMKM supados saged langkung produktif malih satemah karaharjanipun mindhak. Bab kasebat kawedhar nalika tetinjo bantuwan dhateng Desa Ngarum, Sragen.

Agustina suka pangalembana dhateng kreatifitas KWT ing Ngarum. Kejawi kasil nanem maneka taneman, para ibu kasebat  ugi damel produk UMKM ingkang pajeng kasade. Ewasemanten awit panyadenipun kirang tumanja, pramila asilipun dereng kados maremaken. Agustina ngajab, kupiyanipun para ibu punika kedah dipun biyantu amrih lampah panyadenipun sae. ( Heru Kristianto )

Share this with friends

Comments are closed.