Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

HIMKI Cecawisan Nggelar Pameran Internasional  

HIMKI Cecawisan Nggelar Pameran Internasional  

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv — Himpunan Industri Meubel dan Kerajinan (HIMKI)  Daerah Istimewa Yogyakarta samangke nedheng cecawisan tumut pameran internasional sesirah Indonesa Internasional Furniture Expo Two Thousand Seventeen. Cecawisan ingkang dipun lampahi antawisipun ngadani rapat kerja daerah ingkang dipun estreni dening pengurus HIMKI DIY, dinten Kemis (25/8) siyang .

Rapat Kerja Daerah Pengurus HIMKI DIY mapan dhateng salah satunggaling hotel ing Ngayogyakarta. Salebeting rapat  ngrembang maneka program kerja antawisipun cecawisan  Pameran Internasional  Ifex  tanggal  11-14 Maret 2017. Pameran ingkang ugi dados kalodhangan kangge nepangaken produk punika mujudaken pameran sepisanan  tumrap HIMKI ingkang kaajab pikantuk tanggapan gumathok saking bayer ngamanca.  Ketua DPD HIMKI DIY, Timbul Raharjo mratelakaken  kanthi dipun suhi dening organisasi HIMKI  badhe gampilaken koordinasi ing antawisipun UMKM bidang meubel lan kerajinan ing DIY ingkang cacahipun 300 UMKM. Pasar bebas asean MEA dados salah satunggaling pawadan wontenipun patembayatan kangge  ngindhakaken  mutuning produk UMKM supados saged rebat unggul kaliyan produk ngamanca.

Salebeting rapat kerja ugi dipun rembag maneka pepalang ekspor mebel lan kerajinan umkm ing DIY awit ngantos samangke pemerintah kota lan kabupaten kangelan ngedalaken izin usaha pangintunaken  barang kamangka kathah  buyer ingkang nyuwun surat izin usaha saking perajin. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.