Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gelar Budaya Ambal Warsa Kabupaten Klaten

Gelar Budaya Ambal Warsa Kabupaten Klaten

Klaten, www.jogjatv.tv – Kangge ngregengaken pengetan ambal warsa kaping 212 Kabupaten Klaten, ngiras mahargya pengetan 71 taun Kamardikaning Nagari Republik Indonesia, Pemerintah Kecamatan Klaten Utara, Klaten, Jawa Tengah, nggelar Gelar Budaya mapan dhateng sangajenging Kantor Kecamatan Klaten Utara.Gelar budaya kawiwitan kanthi pagelaran tari, qosidah sarta pantomim dening siswa SD Bareng, dipun estreni dening Muspika, warganing DPRD Klaten sarta masyarakat.

Salebeting kridha punika sengaja para siswa dipun ajak ngregengaken inggih kangge nanemaken raos tresna dhateng budaya wiwit lare taksih alit. Kejawi pentas seni para lare, mas mbak lansia berprestasi saking klaten utara ugi nampi tandha pangalembana. Pucaking gelar budaya dipun gelar ringgit purwa sedalu natas dening dhalang Ki Surono kanthi lampahan Dewi Srikandhi. Pagelaran ringgit kawiwitan srah panampining paraga ringgit saking Camat Klaten Utara, Endang Widowati dhateng ki dhalang. Endang widowati mratelakaken, gelar budaya samangke inggih agenda taunan,kangge mengeti ambal warsa Kabupaten Klaten lan dinten kamardikan nagari. Kejawi minangka sarana panglipur tumrap warga, kaajab kanthi gelar budaya kados makaten saged kangge nggugah masyarakat supados langkung peduli lan tumut memetri budaya.

Salah satunggaling warga, Harjanto rumaos remen kanthi wontenipun gelar budaya  jalaran kejawi kangge sarana panglipur ugi saged mupuk jiwa nasionalisme sarta ngemot tuladha tuntunan tumrap masyarakat. ( Haryadi )

 

Share this with friends

Comments are closed.