Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Festival Batik Karnival

Festival Batik Karnival

Purworejo, www.jogjatv.tv – Pemkab Purworejo, Jawa Tengah, dinten Kemis (25/8) siyang nggelar karnaval pungkasan ingkang dipun sengkuyung dening siswa tataran SMA lan pasarta umum. Salebeting kridha kasebat dipun pitontonaken maneka wohing pakaryan, inggih busana ngantos kagunan seni. Salah satunggal ingkang narik kawigatosan inggih punika wohing pakaryanipun para siswa SMK Batik Perbaik Purworejo, ingkang nggelar festival batik karnival.

Karnaval mlampah langkung margi-margi ageng ing Kitha Kabupaten Purworejo lan tetela narik kawigatosanipun masyarakat satemah dhateng sauruting margi ingkang kangge langkung karnaval kebak dening warga ingkang badhe ningali. Kejawi minangka sarana panglipur, kanthi karnaval ingkang dipun gelar saben taun punika, warga ngajab Kabupaten Purworejo saged langkung sae lan majeng malih.

Boten namung Warga Purworejo kemawon ingkang kepengin ningali lampahing karnaval, sawetawis warga sanjawining rangkah Purworejo ugi kathah ingkang ningali lampahing karnaval. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.