Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pramuka, Nggatra  Bebuden Siswa 

Pramuka, Nggatra  Bebuden Siswa 

Sleman, www.jogjatv.tv – Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga (Dikpora) Sleman mawas bilih  kridha kepramukaan trep kangge nggatra bebuden siswa. Awit saking punika, Dinas Dikpora Sleman  ngajab supados sedaya  sekolah saking maneka tataran ing Sleman, ngadani kridha kepramukaan minangka kridha ekstra kurikuler khusus.

Sasampunipun  upacara Apel Siaga Hari Pramuka kaping  55 ing Lapangan Tirtoadi, Kecamatan Mlati, Kabupaten  Sleman, Ketua Kwarcab Pramuka Kabupaten Sleman ingkang ugi Kepala Dinas Dikpora Sleman, Arif Haryono mratelakaken, samangke kridha  kepramukaan boten namung kangge remen-remen kemawon nanging  langkung dipun tengenaken kangge nggegulang bebuden luhur siswa, lumantar maneka kridha  kanthi patembayatan,  pendidikan budi pekerti sarta nepangaken  piwucal budaya tilaran nenek moyang. Awit saking punika, samangke  sedaya  sekolah ing Sleman kedah ngadani kridha ekstra kurikuler kepramukaan.

Apel Siaga Hari Pramuka kaping 55 ingkang dipun adani dening Kwarcab Pramuka Sleman ugi  dipun regengaken maneka kridha lan pertunjukan kepramukaan antawisipun  pikukuhan Pramuka Garuda Sleman dening Ketua Kwarcab Pramuka Sleman, Arif Haryono sarta  senam kombinasi variasi Saka Bayangkara binaan Polres Sleman. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.