Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Polisi Ngatur Lalu Lintas Sinambi Jogedan

Polisi Ngatur Lalu Lintas Sinambi Jogedan

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Kangge mengeti ambal warsa kaping sewidak setunggal Polisi Lalu Lintas, Satlantas Polres Kulonprogo, nggelar kridha joget sesarengan dhateng margi. Para polisi ugi ngangge busana adat, kepara ugi wonten ingkang jejogedan sinambi ngatur lalu lintas.

Pengetan ambalwarsa kaping sewidak setunggal taun Polantas ing Kabupaten Kulonprogo, kawiwitan kanthi pagas tumpeng dening Kapolres Kulonprogo, AKBP Nanang Junaedi ingkang salajengipun dipun pasrahaken Kasatlantas Polres Kulonprogo, AKP Imam Bukhori. Sasampunipun pagas tumpeng, warganing Satlantas Polres Kulonprogo, sesarengan para siswa saking sawetawis sekolah, nindakaken senam lan njoged sesarengan, mapan dhateng tugu Nyi Ageng Serang. Salebeting ajang punika, para petugas lan siswa njoged sawetawis jogedan lan senam tradisi, kadosta Senam Angguk kolaborasi Senam Lalu Lintas.

Kejawi njoged sesarengan, salebeting pengetan ambal warsa samangke, petugas ugi ngedumaken atusan helm lelahanan dhateng para pengguna jalan ingkang disiplin lan jangkep surat kendaraanipun.

Sawetawis Polantas ingkang ngayahi ugi tumut ngregengaken pengetan ambal warsa samangke. Kanthi ngangge busana adat, para petugas ngatur lampahing lalu lintas sinambi jejogedan. Kridha ingkang dipun gelar dhateng Jalan Raya Karangnongko punika narik kawigatosanipun para pengguna jalan ingkang pinuju langkung.

Lumantar pengetan ambal warsa Polantas samangke, kaajab warga saged lajeng ningali lan mangertosi wigatinipun atribut kendaraan ingkang jangkep sarta disiplin berlalu lintas amrih wilujeng nalika berkendara. ( Rida Junyanto )

Share this with friends

Comments are closed.