Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pambangunan Ruang Terbuka Hijau

Pambangunan Ruang Terbuka Hijau

Purworejo, www.jogjatv.tv – Balai Besar Wilayah Sungai Serayu Opak (BBSWO) ngrebahaken  tilas wewangunan dhateng bantaran Lepen Dulang tlatah Kutoarjo kanthi ngginakaken alat berat. Sasampunipun dipun urug, dhateng papan kasebat badhe dipun  bangun ruang terbuka hijau utawi taman dening Pemkab Purworejo..Pasiten tilas wewangunan dhateng bantaran Lepen Dulang Kutoarjo, Purworejo,Jawa Tengah utawi sauruting Jalan S Parman badhe dipun rebahaken ngginakaken alat berat dening BBSSWO  Yogyakarta  lan kaangkah badhe rampung 2 ngantos 3 dinten. Tilas wewangunan gadhahanipun Dinas Pengairan dipun rebahaken lajeng dipun urug, lan salajengipun badhe dipun tanemi  uwit-witan. Petugas saking BBWSSO, Lili Sunarto,mratelakaken, pehakipun kajibah reresik tilas wewangunan, salajengipun  Pemkab Purworejo badhe nglajengaken pambangunan ruang terbuka hijau sarta ngawisi PKL ingkang nerak pranatan.

Kajawi ngrebahaken wewangunan, BBWSSO ugi mbikak malih  saluran toya ingkang ketutupan  wewangunan ingkang dipun bangun dhateng sauruting margi ing tlatah kasebat. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.