Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tanggap darurat wadhuk wadhaslintang

Tanggap darurat wadhuk wadhaslintang

Purworejo, www.jogjatv.tv – Balai Besar Wilayah Serayu Opak (BBWSO) Yogyakarta suka sosialisasi tanggap darurat Waduk Wadaslintang dhateng Warga Purworejo. Kanthi sosialisasi punika kaajab Warga Purworejo mangertos lampah punapa ingkang kedah dipun tempuh nalika kawontenan darurat awit bena jalaran risakipun bendungan.

Sosialisasi Rencama Tindak Darurat (RTD) Bendungan Waduk Wadas Lintang dipun tindakaken dinten Kemis (23/9) siyang mapan dhateng Pendhapi Rumah Dhinas Wakil Bupati Purworejo. Kridha punika dipun estreni dening Asisten Dua Gandi Budi Supriyanto, FKPD, para camat, kades lan sesepuh masyarakat.

Wonten ing pambagyanipun, Asisten Dua mratelakaken Bendungan Wadhas Lintang kangge Purworejo inggih sakalangkung wigati, inggih kangge sumber toya kabetahan padintenan kulawarga, irigasi, lan pembangkit listrik. Satemah kanthi wontenipun RTD tumrap masyarakat, awit menawi bendungan risak ingkang keblabak boten namung warga sakiwa tengen bendungan kemawon nanging ugi saged mblabar ngantos papan sanes.

BBWSO mratelakaken langkah-langkah RTD Wadas Lintang ingkang sawanci-wanci saged dumados, ingkang badhe ageng pangaribawanipun tumrap warga ing Purworejo lan Kebumen. Kejawi punika ugi dipun andharaken deteksi dini risakipun wadhuk, inggih jalaran lindhu utawi pateran. Kabid Ops BBWSO, John Sianipar mratelakaken, bendungan inggih damelanipun manungsa ingkang wonten watesanipun satemah sawanci-wanci ugi saged risak pramila wigati wontenipun supados masyarakat gadhah panduan kangge tumindak nalika dumados kawontenan darurat awit risakipun bendungan dene samangke kawontenan Wadhuk Wadas Lintang inggih taksih aman, boten wonten tandha tandha risak ingkang mbebayani. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.