Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pitnik Ngajak Gober Komunitas Sepeda Jogja

Pitnik Ngajak Gober Komunitas Sepeda Jogja

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kangge mahargya ambal warsanipun ingkang kapisan, satunggaling komunitas sepeda ing ngayogyakarta, Pitnik utawi Ngepit Nikmat, nggelar Gowes Bersama utawi Gober mubeng Kitha Ngayogyakarta, kanthi ngajak sedaya komunitas sepeda ing Ngayogyakarta dene irah irahaning kridha  inggih punika Bancakan.

Rute ingkang dipun tempuh nurut Garis Imajiner, inggih punika saking Tugu langkung Malioboro, Titik 0 KM, Alun- Alun Ler, Ngasem, lajeng mlebet dhateng Magangan. Kangge nyabrang wewengkon Magangan, para pesepedha wau mandhap lan nuntun sepedhanipun, minangka wujud pakurmatan dhateng Kraton Ngayogyakarta. Rute lampah wau dipun pungkasi dhateng Café Lembayung. Kaajab kridha kados makaten saged dipun tulad dening komunitas sanes, kangge sarana nyupeketaken sesambetan.

 

(Tim Liputan)

Share this with friends

Comments are closed.