Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pondok Wonolelo Teleng Produksi Lombok

Pondok Wonolelo Teleng Produksi Lombok

Sleman, www.jogjatv.tv – Pondok Wonolelo Dua, Desa Widodomartani, Kalasan Sleman, racak warganipun inggih saking kalanganing petani. Kanthi ndhapuk Kelompok Tani Taruna Bumi, pasiten olah tetanen ingkang wiyaripun ngantos 40 hektar dipun garap kanthi pola tanam ingkang tumata. Samangke para petani sami nanem lombok. Kanthi nanem setunggal jinis taneman hortikultura lan dipun tanem kanthi wekdal ingkang sareng, kaangkah asiling olah tetanen saged ngangkat karaharjanipun para petani. Kejawi kangge ngawekani paneraking ama dados langkung gampil, kanthi pola tanam ingkang kados makaten, Desa Widodomartani saged dados papan teleng produksi lombok ingkang ageng piyambak sa Kabupaten Sleman.

Miturut Ketua Klomtan Taruna Bumi, Suharno, pategalan lombok sahektar, nalika panen saged ngasilaken lombok ngantos 10 ton dene pepalang ingkang dipun adhepi dening para petani inggih punika perkawis irigasi. Kangge irigasi, petani taksih nanjakaken ilenan lepen ingkang tukipun saking Redi Merapi nanging menawi mangsa ketiga ilenan irigasi kasebat  racak toyanipun asat. (Heri Susanto)

Share this with friends

Comments are closed.