Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Perajin Tenun Betahaken Pelatihan

Perajin Tenun Betahaken Pelatihan

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Cacahing perajin tenun tradisional ing Ngayogyakarta, kantun sekedhik. Kawontenan kasebat pikantuk kawigatosan mirunggan saking Kadin DIY. Amrih usahanipun ngrembaka lan mutuning tenun sae, Kadin DIY samangke memitran kaliyan pehak ngamanca, antawisipun kaliyan Kyoto, Jepang ingkang badhe nggladhi perajin ing DIY. Patembayatan kados makaten asring dipun lampahi, kepara 30 taun pungkasan, Kadin DIY lan Kyoto, Jepang, sampun memitran rumaket ing babagan kridha kabudayan.  Nalika pepanggihan kaliyan pehak Kyoto, Jepang, Ketua Kadin DIY GKR Mangkubumi ngendika, Ngayogyakarta mbetahaken pendampingan saking Jepang kangge nggladhi perajin tenun supados saged dipun gethok tularaken dhateng perajin sanesipun.

 

Patembayatan wau, kaangkah saged ngindakaken mutu  kerajinan tenun tumrap kekalih nagari lan mimbuhi seserepan babagan seni tenun, mliginipun tumrap perajin ing Ngayogyakarta .

 

(Tim Liputan)

Share this with friends

Comments are closed.