Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kampanye Menyusui Ditempat Umum

Kampanye Menyusui Ditempat Umum

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Mengeti ambal warsanipun ingkang kaping sanga, tanggal 24 April 2016, Asosiasi Ibu Menyusui Indonesia (AIMI) nggelar maneka kridha antawisipun Kampanye Menyusui Di Tempat Umum mapan  ing plataran Benteng Vederburg, wiwit jam 08.00-10.00 WIB enjing. Kridha sesirah Sembilan kasebat mengku ancas kangge biwarakaken caranipun nyesepi dhateng tempat umum awit sakelangkung murakabi tumrap bayi lan ibu.  Saben  mengeti ambal warsanipun, AIMI tansah nggelar kridha ingkang beda-beda, dhateng sawetawis kitha lan provinsi ing Indonesia.

Kridha kasebat pikantuk tanggapan gumathok saking para ibu, ing Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun.  Salebeting kalodhangan kasebat para panitia ngagem sinjang, kangge nedahaken kaskaya budaya ciri mathi papan gumelaring kridha kasebat. (Tim Liputan)

 

Share this with friends

Comments are closed.