Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pikukuhan Satgas Saber Pungli

Pikukuhan Satgas Saber Pungli

Sleman, www.jogjatv.tv — Nuhoni dhawuh presiden kangge mbengkas pungutan liar utawi  pungli, Gubernur DIY,Sri Sultan Hamengku Buwono kaping sedasa, dinten Selasa (1/11) siyang mikukuhaken Satgas Sapu Bersih Pungutan Liar – Saber Pungli ing Mapolda DIY.  Gubernur DIY ngajab, supados satgas tumuli makarya jumbuh dhawuhipun Presiden Joko Widodo.

Satgas Saber Pungli DIY ingkang dipun kukuhaken dening Gubernur DIY warganipun inggih polri, korem, kejaksaan tinggi lan Sekretaris Inspektorat Pemda DIY. Pikukuhan dipun tandani kanthi masang tanda satuan tugas dening Gubernur DIY, Sri Sultan Hamengku Buwono X.

Miturut Sri Sultan Hamengku Buwono X, wonten  4 tugas pokok saking  Presiden Joko Widodo tumrap Satgas Saber Pungli, antawisipun tugas intelijen, pencegahan, penindakan lan yustisi. Kangge mbengkas pungli  , Sri Sultan ngajab supados  kabupaten lan kota ing DIY tumuli mikukuhaken Saber Pungli.

Kapolda DIY, Brigjen Pol Prasta Wahyu Hidayat  ngangkah Satgas Saber Pungli DIY rancag kanthi  kabiyantu masyarakat, antawisipun nglapuraken kadurjanan dhateng Satgas Saber Pungli DIY, ing Kantor Inspektorat Pemda DIY sauger jinangkepan bukti lan dede fitnah. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.