Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pemkot Lelang Kendaraan Dinas Lumantar Online

Pemkot Lelang Kendaraan Dinas Lumantar Online

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Pemerintah Kota Yogyakarta badhe nglelang kendaraan dinas operasional  PNS   kanthi  sisitem online awit kawawas langkung irit.

Kendaraan ingkang badhe dipun lelang, inggih punika sepada motor , kendaraan niaga lan mobi  ingkang  parkiripun mboten nunggil papan, dhateng parkiran balai kota, kantor BLH sarta  dhateng gudang pemerintah kota inggih gedung  tilas BLK Kotagede. Tumrap masyarakt ingkang badhe tumut lelang kedah ngintunaken   email. Lelang badhe dipun adani  tanggal 7 November   wiwit jam 07.00  WIB ngantos jam 10.00 WIB. Saderengipun ndaftar masyarakat  saged ningali  kendaraan ingkang badhe dipun lelang wiwit tanggal 2 ngantos  4 November 2016 . Kendaraan ingkang dipun lelang laik jalan sinaosa makaten ugi wonten ingkang rongsokan. ( Hari atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.