Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Hari Arwah, Umat Katolik Jiarah Kubur

Hari Arwah, Umat Katolik Jiarah Kubur

Sleman, www.jogjatv.tv – Menggahing Umat Katolik, tanggal 2 November  dipun pengeti minangka Hari Arwah awit saking punika trep kangge dongakaken arwah leluwuripun. Dinten Rebo (2/11) enjing puluhan Umat Katolik Lingkungan Santo Benediktus Padhukuhan Watugajah, Desa Sendangagung, Kecamatan Minggir, Kabupaten Sleman, jiarah sesarengan dhateng pasareyan leluwuripun dhateng sasanalaya padhukuhan watugajah.  Jiarah kawiwitan dedonga sesarengan dhateng regol pasareyan, dipun pangarsani Prodiakon Lingkungan Benediktus Padhukuhan Watugajah, Margono. Salajengipun Umat Katolik ngintun lan dongakaken arwah leluwuripun supados gusti ingkang maha kuwaos paring pangapunten awit sedaya dosa lan kalepatanipun para leluwur.

Margono mratelakaken, menggahing Umat Katolik, wulan november ugi dipun pitados minangka bulan pengampunan dosa. Awit saking punika, tumrap  Umat Katolik ingkang ing tanggal 2 November dereng  jiarah, taksih gadhah kalodhangan wekdal ngantos pungkasan wulan November.  ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.