Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Hadeging Kabupaten Purworejo Anut Kajian UGM

Hadeging Kabupaten Purworejo Anut Kajian UGM

Purworejo, www.jogjatv.tv – Yuswa Kabupaten Purworejo ingkang sampun langkung saking sedasa abad ngantos samangke taksih nuwuhaken pitakenan tumrap para budayawan punapa dene sesepuh masyarakat. Bab kasebat awit kanthi yuswa samanten pramila Kabupaten Purworejo kalebet sepuh piyambak tinimbang kabupaten sanes.

Miturut budayawan Purworejo, Sukoso DM,  kangge nemtokaken hadeging Kabupaten Purworejo, sampun kanthi maneka panglimbang sarta pamanggih, kalebet ugi konsultasi kalian UGM babagan sejarah. Bab punika amrih sejarah Hadeging Kabupaten Purworejo, mboten nyebal saking lampahing sejarah nasional. Cokronegoro kaparingan kalenggahan jumeneng Bupati Purworejo kapisan dening Walandi, minangka bebingah awit saged ngasoraken prajurit Diponegoro ing Bagelen, ugi patut kangge panglimbang sanes.

Saking pitung pamanggih ingkang wonten, Hadeging  Kabupaten  Purworejo, dipun kukuhaken jumbuh kaliyan Prasasti Arahiwang. Wonten sawetawis kitha ingkang umuripun sami kaliyan Purworejo antawisipun Kabupaten Magelang jumbuh Prasasti Gelang-Gelang, Kotamadya Salatiga jumbuh Prasasti Hampra kepara saperangan kabupaten ing Jawa Tengah dene ingkang kangge pathokan antawisipun Jaman Mataram, Pajang punapa dene Demak sarta Jaman Walandi kadosta Kabupaten Temanggung, Banjarnegara lan Klaten. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.