Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tradisi Daruna-Daruni, Kirab Pahlawan Daerah Kulonprogo

Tradisi Daruna-Daruni, Kirab Pahlawan Daerah Kulonprogo

Kulonprogo, www. Jogjatv.tv – Warga Dhusun Beran, Desa Bugel, Kecamatan Panjatan, Kulonprogo, nindakaken satunggaling tradisi kangge ngenget-enget labuh labet perjuwangan pahlawan saking dhusunipun, Ki Daruna lan Ni Daruni kanthi nggelar kirab budaya. Ki Daruno lan Ni Daruni, inggih pendherekipun Pangeran Diponegoro lan Nyi Ageng Serang nalika perang mengsah Walandi ing Kulonprogo.

Kirab Daruno-Daruni dipun gelar kalih taun sepisan dening Warga Dhusun Beran kangge ngenget-enget labuh labetipun cikal bakal dhusun ingkang rikala semanten kangge sesingidan para pejuwang kamardikan nalika dipun bujung dening Walandi. Uwit  asem ing tengah dhusun dados tetenger dumadosipun paprangan  mengsah  Walandi duking uni.

Salebeting kirab wiranem Desa Bugel ngangge busana adat jawa lan busana keprajuritan jaman kawuri. Wonten kalodhangan kasebat ugi dipun arak gunungan wulu wedaling bumi.

Waos Landean minangka waos pusaka Dhusun Beran dipun pasrahaken dhateng  sesepuh adat kalajengaken dedonga sesarengan. Pucaking kirab budaya, gunungan kangge rayahan. Warga ngajab supados pengetan Ki Daruna lan Ni Daruni minangka pahlawan tansah dipun adani minangka sarana kangge memetri budaya. ( Rida Junyanto )

Share this with friends

Comments are closed.