Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Petani Panen Langkung Gasik

Petani Panen Langkung Gasik

Klaten, www.jogjatv.tv – Awit katrajang barat ageng, watawis gangsal welas hektar taneman pantun ing Kecamatan Trucuk, Klaten, rebah. Tundhanipun petani kepeksa kedah manen langkung gasik saking petanganipun. Salah satunggaling petani, Sriyati, mratelakaken, menawi boten tumuli dipun panen, dipun kuwatosaken pantun badhe kekum toya lan kathah gabah ingkang gogrog, satemah petani nandhang kapitunan ingkang langkung kathah malih. Awit kedadosan punika, regi panyadening pantun dhateng juru tebas ugi mandhap antawis gangsalatus ewu ngantos sayuta rupiyah saben pathok.

Dene saperangan petani kanthi dipun biyantu dening aparat TNI saking Koramil Kecamatan Trucuk mbudidaya ngedegaken taneman pantun ingkang rebah, mliginipun pantun ingkang wulenanipun taksih ijem. Koordinator PPL Kacamatan Trucuk, Sudarno, ngajab, petani supados nutup ilenan irigasi dhateng sabinipun, sarta damel kalenan supados pantun ingkang rebah boten kekum toya. Taneman ingkang rebah prayogi ugi dipun edegaken kanthi cara tapakdara, nanging kedah ngatos atos supados taneman boten pepes. Salajengipun ing mangsa tanem candhakipun petani kaajab nanem pantun ingkang tanemanipun kukuh boten gampil rebah, kadosta jinis ir 64.( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.