Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sleman Kirang 741 Guru 

Sleman Kirang 741 Guru 

Sleman, www.jogjatv.tv – Moratorium penerimaan CPNS sawetawis taun pungkasan, njalari guru ing Sleman saya suda awit kathah guru ingkang pensiun tanpa dipun imbangi wontenipun guru enggal. Menawi bab punika boten dipun gatosaken, dipun kuwatosaken mutuning pendidikan badhe mandhap. Awit saking punika Pemkab Sleman ngajab dhateng Pemerintah Pusat supados tumuli mbikak formasi penerimaan CPNS tenaga guru kangge sleman.

Adhedhasar data Dinas Pendidikan Pemuda Dan Olahraga Kabupaten Sleman taun 2016 samangke, Sleman taksih kirang 741 guru, inggih punika 688 guru SD lan 53 guru SMP. Kangge ngawekani kirangipun guru punika, sekolah racak nanjakaken tenaga guru tidak tetap utawi GTT,  ingkang blanjanipun dipun pendhetaken saking biaya operasional sekolah utawi bos. Kepala Dinas Pendidikan Pemuda Dan Olahraga Kabupaten Sleman, Arif Haryono, mratelakaken ingkang kedah tumuli kacekapan inggih punika guru SD. Bab kasebat jalaran minangka guru kelas, satunggaling guru SD boten saged ngrangkep mucal dhateng kalih kelas. Awit menawi dipun peksa makaten, mutuning pendidikan badhe kirang sae. Ngengeti bab kasebat, Arif Haryono, ngajab Pemerintah Pusat tumuli mbikak formasi penerimaan tenaga guru kangge Sleman, supados lampahing belajar mengajar ing Sleman saged langkung rancag.

Satunggaling guru tidak tetap SD Negeri Denggung, Marko Yusmandar, mratelakaken, dados guru honorer ing SD Negeri Denggung sampun 15 taun, kanthi blanjan sangandhaping Upah Minimum Kabupaten ( UMK ). Awit blanjan ingkang dipun tampi boten nyekapi kangge kabetahan padintenan, pramila marko ngajab saged tumuli dipun angkat dados PNS, supados pamedalipun saged langkung murwat.  ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.