Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pembekalan anti korupsi

Pembekalan anti korupsi

Bantul, www.jogjatv.tv – Minangka kupiya kangge nyipta Pamarentahan ingkang resik saking korupsi, kolusi lan nepotisme, Pemerintah Kabupaten Bantul, wiwit nindakaken pembekalan tumrap para pejabat pengguna anggaran. Dinten Kemis (3/2 ), sedaya Kepala Dinas, Camat Lan Lurah, tumut workshop bab pelaksanaan pemerintahan yang bersih dan akuntabel. Pamarentahan Suharsono Abdul Halim, wiwit mbudidaya mujudi pangangkahipun, inggih punika mujudi pamarentahan ingkang resik ing Kabupaten Bantul. Sedaya satuan kerja perangkat daerah, kuasa pengguna anggaran, Camat Lan Lurah, dipun sukani seserepan bab lampahing Pamarentahan ingkang resik lan akuntabel. Bupati Bantul, Suharsono, ngajab sedaya SKPD, Camat Lan Lurah, mbiyantu mujudi Pamarentahan Bantul ingkang enggal, resik lan akuntabel. Salebeting kalodhangan kasebat ugi dipun wisudha Forum Pemantau Independen, Forpi Bantul. Forpi badhe dipun gandheng kangge tumut ngawasi lampahing Pamarentahan ing Kabupaten Bantul. Kejawi punika masyarakat kaajab ugi tumut cawe cawe mujudi Pamarentahan ingkang resik lan kalis saking KKN. Wondene kepala Kejaksaan Negeri Bantul, Ketut Sumedana, mratelakaken menawi para pengguna anggaran gadhah raos kuwatos anggenipun ngecakaken anggaran, pramila saged konsultasi hukum dhateng Kejari Bantul. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.