Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

PETANI LOMBOK PISAMBAT REGI ANJLOG

PETANI LOMBOK PISAMBAT REGI ANJLOG

Gunungkidul, DIY www.jogjatv.tv Petani lombok ing Gunungkidul pisambat awit anjlogipun regi panyadening lombok.Anjlogipun regi lombok jalaran samangke nedheng panen raya, satemah pasokan lombok sakalangkung kathah.

Petani lombok ing wewengkon Desa Ngeposari, Kecamatan Semanu, Gunungkidul samangke kangelan anggenipun badhe nyade lombok asil panenan saking tigang hektar pategalan lombok ing desa punika.Awit kathahing pasokan lombok saking para petani lombok ing Tawangmangu lan Klaten Jawa Tengah ingkang mlebet dhateng Wonosari,pramila para bakul ing Peken Wonosari sampun boten nampi asil panenipun para petani lombok ing Gunungkidul.Kamangka samangke welingan lombok saking masyarakat suda, kaperbawan mandhapipun daya beli masyarakat.Bab punika njalari regi lombok anjlog.Regi lombok rawit lan lombok keriting saking petani namung Rp. 5.000 saben kilonipun. Kamangka asil panen samangke sae, awit boten katerak ama.Petani nelakaken pasrah dhateng kawontenan lan nandang kapitunan awit regi panyadening lombok boten imbang kaliyan wragad tanem lan pangupakawisipun.

Anjar Ardityo

Share this with friends

Comments are closed.