Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

TAMAN WASPADA KEBENCANAAN

TAMAN WASPADA KEBENCANAAN

Klaten, Jawa Tengah www.jogjatv.tv Kangge nggegulang warga masyarakat supados tanggap bencana, Pemkab Klaten mbangun Taman Eling, Waspada Dan Siaga Bencana. Ing papan punika, warga masyarakat mliginipun lare-lare saged sinau penanganan maneka jinis musibah alam.

Taman Eling Waspada Dan Siaga Bencana dipun bangun dhateng kompleks Kantor Badan Penggulangan Bencana Daerah – BPBD Kabupaten Klaten JawaTengah. Maneka sarana pembelajaran kebencanaan cumawis ing taman punika,wiwit saking kabesmen, bena lan ugi kurdaning Redi Merapi. Kanthi dipun pandhu dening petugas ahli,lare-lare usia dini badhe dipun gegulang caranipun penanganan bencana, kadosta penanganan bencana kebakaran. Boten namun kabesmen kemawon, lare-lare ugi dipun sukani seserepan punapa ingkang kedah dipun lampahi nalika Redi Merapi kurda utawi tumempuh lindhu.

Saben dinten taman punika tansah regeng dening para lare ingkang kepengin sinau penanganan bencana.Kanthi sinau dhateng Taman Eling, Waspada Dan Siaga Bencana punika, warga masyarakat saged langkung sawega nalika ngadhepi tumempuhing musibah alam.

Sri Haryadi

Share this with friends

Comments are closed.