Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Perajin hanger kawat

Perajin hanger kawat

Klaten, www.jogjatv.tv – Sasampunipun pensiun satunggaling warga ing Klaten Jawa Tengah, Subardi, mboten purun namung nganggur. Kanthi nanjakaken kawat, Subardi, damel hanger lan tetela lampah pakaryanipun punika saged mbikak kalodhangan pakaryan kangge warga sakiwa tengenipun.

Mapan ing griyanipun, Subardi, warga Desa Karang Duren, Kebonarum Klaten, kanthi dipun biyantu dening sekawan tenaga karyanipun saben dinten damel hanger saking kawat. Lampah pakaryan punika dipun tekuni sasampunipun, Subardi, pensiun kangge nanjakaken kalodhangan wekdal. Nanging kridha kasebat kepara dados sumber pamedal tumrap kulawarganipun. Lampah pakaryan prasaja punika sampun dipun tekuni wiwit gangsal taun kapengker. Samangke saben dintenipun Subardi saged produksi hanger sewu iji. Dene regi panyadenipun kalih welas ewu rupiyah saben lusin. Awit kabetahan hanger samangke saya wimbuh kathah, Subardi, samangke kepara malah kuwalahan nyekapi welingan saking sawetawis grosir piranti balewisma ing Klaten Jawa Tengah.

Subardi nelakaken remen saged ngrintis usaha sasampunipun pensiun. Kejawi dados sumber pamedal tumrap kulawarganipun, ugi saged mbiyantu mbikak kalodhangan pakaryan kangge tangga tepalihipun. ( Sri Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.