Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Panampi kms suda 151 kk

Panampi kms suda 151 kk

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Pemerintah Kota Yogyakarta tundhanipun ngedalaken data penerima kartu menuju sejahtera (KMS) taun 2016. Dene gunggung panampi KMS Kota Yogyakarta samangke suda 151 kk.

Kepala Dinas Sosial Tenaga Kerja Dan Transmigrasi Kota Yogyakarta, Hadi Muhtar, mratelakaken gunggung panampi KMS taun 2016 nggayuh 18 ewu 730 kk utawi 60 ewu 195 jiwa. Gunggung kasebat suda 151 kk saking taun 2015 kapengker, ingkang kacathet wonten 18 ewu 881 kk. Miturut Hadi Muhtar, sudanipun gunggung punika sampun trep kaliyan asiling verifikasi ingkang dipun tindakaken dening Pemerintah Kota Yogyakarta, saking 26 ewu kk ingkang saderengipun sampun dipun usulaken saking maneka perangan masyarakat. Samangke KMS 2016 taksih salebeting proses pencetakan lan salajengipun badhe dipun dumaken dhateng warga masyarakat ingkang wenang nampi lumantar kelurahan.

Hadi Muhtar ugi mratelakaken dinas taksih ngladosi pengajuan surat keterangan tidak mampu tumrap masyarakat ingkang mbetahaken. KMS inggih kertu ingkang saged dipun akses dening masyarakat miskin supados saged nampi ladosan kasarasan, pendidikan lan maneka wujud pelatihan wirausaha.

( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.