Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Lukisan areng media limbah bangunan

Lukisan areng media limbah bangunan

Purworejo, www.jogjatv.tv – Satunggaling komunitas pelukis ing Purworejo Jawa Tengah nggelar pameran lukisan jalanan. Lukisan ingkang dipun pameraken kapetang elok jalaran nanjakaken areng lan media lukis wujud limbah bangunan.

Kanthi nanjakaken car free day ing Alun-Alun Purworejo Jawa Tengah, mapan ing gedhung serbaguna kompleks alun-alun, komunitas pelukis dengan areng mameraken kridha lan wohing pakaryanipun lukisan areng media limbah bangunan. Kanthi tangan lawaran pelukis nelakaken gagasanipun mawujud dados wohing pakaryan ingkang elok.

Salah satunggaling pelukis, Pradipta, mratelakaken kawitanipun enem wulan kapengker nyobi nanjakaken areng kangge nglukis. Boten kanyana tetela kathah ingkang remen dhateng lukisanipun. Awit saking punika Pradipta lajeng ngrembakakaken kasagedanipun. Kejawi areng, Pradipta, ugi nanjakaken limbah bangunan ing sakiwa tengenipun kangge damel lukisan.

Nglukis mawi areng pancen boten gampil antawisipun nalika damel tingkat gradasi werni lan ugi atos empukipun areng boten sami. Saking maneka areng miturut Pradipta ingkang sae inggih punika areng saking kajeng salam, awit atos lan werni cemengipun pas, nanging angel anggenipun pados. Pameran lukisan punika nampi tanggapan ingkang gumathok saking masyarakat. Kathah warga ingkang nglodhangaken wekdalipun mampir ningali gumelaring pameran kasebat. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.