Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kelinci hias

Kelinci hias

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Tumrap panjenengan ingkang remen ngingah sato kangge klangenan, mliginipun jinis kelinci utawi truwelu wonten kalih jinis kelinci ingkang samangke saweg dipun remeni. Kalih jinis kelinci kasebat inggih punika kelinci hias jinis fuzzy lop lan lion.

Kelinci ingkang dumunung salebeting kandhangipun punika katingal lucu lan nggemesaken kanthi wulunipun ingkang ketel, kelinci punika inggih kelinci hias jinis fuzzy loop. Ukuran badanipun sedhengan lan fuzzy lop punika lulut kadosdene kucing lan saged dipun ajak gojegan, dene reginipun antawis 250 ewu rupiah.

Dene jinis kelinci sanes ingkang samangke ugi dipun remeni inggih punika jinis lion, kelinci punika wulunipun ketel lan panjang mirib kados wulu singa. Sami kadosdene fuzzy lop regi kelinci punikia ugi dipun pathok wiwit saking 250 ewu rupiah.

Salah satunggaling bakul kelinci hias, Aris Maju Mapan, mratelakaken kelinci hias jinis punika kathah ingkang remen awit gadhah kaelokan piyambak piyambak. Kejawi punika kangge ngupakawis kelinci prayogi sutresna sato klangenan mangertos cara ngupakawis ingkang leres, antawisipun kanthi mangertosi standarisasi kandang, nutrisi lan disiplin ngatur pakan. Mligi kangge pakan saged dipun pakani sayuran utawi pelet mligi kangge kelinci, kangge sayuran sedinten kaping kalih dene pelet sedinten sepisan.

Aris ugi mratelakaken kelinci ugi prayogi dipunwedhaki mawi wedhak bayi lan wulunipun dipun jungkati. Bab punika amrih wulu kelinci tetep lembut lan boten ngganda. Kejawi fuzzy lop lan lion ugi wonten kelinci jinis sanes kadosta jinis netherland lan kelinci rex. Kelinci-kelinci kathah ingkang remen mliginipun kangge kelinci rex, ulesipun ugi pepak. ( Twin Kumilah )

Share this with friends

Comments are closed.