Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gotong royong warga kemudo

Gotong royong warga kemudo

Klaten, www.jogjatv.tv – Jiwa gotong royong samangke kawawas wiwit luntur, ewasemanten dhateng sawetawis papan, kadosta ing Desa Kemudo, Kecamatan Prambanan, Klaten, Jawa Tengah, gotong royong punika taksih lumampah.

Kanthi nanjakaken deling warga gotong royong mbangun griya prasaja ukuran sekawan kaping gangsal meter kangge salah satunggaling warga, Sudibyo. Sakawit Sudibyo lan kulawarganipun ngindhung dhateng griya tangganipun. Nanging jalaran griya kasebat dipun sade dening ingkang gadhah, pramila Sudibyo lajeng boten gadhah papan dunung. Warga ingkang rumaos prihatos dhateng panandangipun Sudibyo, lajeng gadhah gagasan ndamelaken griya kanthi gotong royong. Dene griya prasaja kasebat dipun damel saking balungan deling, dene payon lan kangge singget taksih dipun kupiyakaken dening pehak Pemerintah Desa Kemudo.

Sudibyo ingkang saben dintenipun makarya minangka berah serabutan punika nelakaken remen awit kawigatosan saking warga. Langkung langkung samangke sampun tumapak mangsa rendheng, wontenipun griya prasaja punika migunani sanget tumrap Sudibyo, semah lan tetiga yoganipun ingkang taksih alit. Sudibyo ngajab ing tembe saged gadhah griya piyambak. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.