Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Simulasi bencana erupsi merapi

Simulasi bencana erupsi merapi

Sleman, www.jogjatv.tv – Sinaosa redi merapi samangke dipun telakaken aman, boten nedahaken tandha tandha badhe kurda, nanging boten wonten awonipun warga masyarakat ing pereng merapi tetep waspada. Lampah kasebat antawisipun kados ingkang dipun tindakaken dening SLB Negeri Setunggal Sleman, inggih punika kanthi nggelar simulasi bencana erupsi gunung merapi .

Sirine tandha bilih redi merapi kurda mungel, siswa lan guru sarta staff SLB Negeri Setunggal Sleman sami mlajar medal saking ruwangan tumuju dhateng plataran sekolah. Dene awit para siswa inggih anak berkebutuhan khusus, pramila para guru saben kelas mandhu lan mbiyantu para siswa mlempak dhateng titik kumpul. Tandha jalur evakuasi ing tembok sekolah suka pambiyantu siswa lan guru kangge evakuasi. Nalika tumuju dhateng titik kumpul para guru tansah suka arahan dhateng para siswa supados boten mbingungi. Dumugi titik kumpul kendaraan bak terbuka sampun cumawis kangge milujengaken warga sekolah kasebat dhateng posko bencana. Salebeting simulasi kasebat dipun gambaraken boten wonten korban jiwa.

Kridha punika inggih satunggaling skenario simulasi bencana erupsi gunung merapi ingkang dipun gelar dening SLB Negeri Setunggal Sleman, tembayatan kaliyan UGM minangka langkah kangge suka seserepan dhateng para siswa, guru, sarta tiyang sepuh siswa bab penanganan bencana. Simulasi kados makaten inggih dados satunggaling kabetahan dhateng saben sekolah utawi warga ingkang mapan dhateng pereng redi merapi, kangge mangertosi caranipun nyuda dhawahing korban kurdaning redi merapi .( Heri Susanto )

Share this with friends

Comments are closed.