Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Penyandang Tuna Netra Mongkog Dados Guru

Penyandang Tuna Netra Mongkog Dados Guru

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kawontenan badan ingkang kirang sampurna boten dados pepalang kangge nggayuh panjangka lan nggethok tularaken ngelmi dhateng sasama. Bab wau ingkang dipun tindakaken dening para penyandang disabilitas tuna netra ingkang pakaryanipun guru, kadosta, Siti Saadah lan Tri Umaryadi.

Siti Saadah inggih guru tuna netra ingkang mucal dhateng MTS Yaketunis. Wanita ingkang lair tanggal 3 September 1976 saben dinten greget mucal siswanipun ingkang ugi penyandang disabilitas. Menggahing Siti, guru boten namung winates mucal siswa kemawon,nanging ugi dados tepa palupi salebeting nggatra bebuden luhur.

Tuna netra sanes ingkang makarya dados guru inggih Tri Umaryadi, ingkang mucal dhateng SLB A Yaketunis sarta MTS Yaketunis. Bapak peputra setunggal kasebat, dados guru wiwit taun 2010 . Lulusan salah satunggaling pawiyatan luhur ing Ngayogyakarta kasebat, kawitanipun inggih pemain band. Menggahing Umaryadi, guru inggih pakaryan ingkang damel mongkog, awit saged nggethok tularaken ngelminipun dhateng asanes lan boten namung mligi dados tenaga pendidik kemawon nanging ugi dados kanca lan kulawarga tumrap siswa.

Sinaosa Tri Umaryadi lan Siti Saadah kalebet guru honorer nanging kekalihipun tetep greget, makarya lan njurung siswanipun supados tumemen ngudi elmi. ( Twin Kumilah )

Share this with friends

Comments are closed.