Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pengetan Hari Guru, Siswa Suka Bebingah Dhateng Guru

Pengetan Hari Guru, Siswa Suka Bebingah Dhateng Guru

Solo, www.jogjatv.tv – Pengetan Hari Guru boten namung mligi dipun pengeti dening para guru kemawon.

Dhateng pelataran SMP Muhammadiyah 5 Surakarta , Jalan Slamet Riyadi, Solo, atusan siswa suka bebingah dhateng gurunipun. Saderengipun upacara Hari Guru lan pengetan ambal warsa PGRI Ingkang kaping 70 paripurna

siswa bekta poster, spanduk sarta banner , suraos atur panuwun dhateng labuh labet para guru. Kajawi punika, atusan siswa ugi nyanyi, maos puisi, suka kado, tumpeng lan kuweh ulang tahun dhateng para guru.

Kepala SMP Muhamamdiyah 5 Suakarta, boten nyana menawi siswanipun suka pangalembana lan kawigatosan ageng dhateng para guru.

Wondene ketua PGRI Solo, Sugiaryo, ngajab supados pemerintah migatosaken karaharjan para guru, inggih guru sekolah negeri punapa dene yayasan.

Minangka wujud bekti siswa dhateng guru, salebeting kalodhangan kasebat para siswa ugi sungkem dhateng guru sarta ngumbulaken balon cita-cita. ( Heru Kristyanto )

Share this with friends

Comments are closed.