Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Siswa Mijiki Suku Gurunipun

Siswa Mijiki Suku Gurunipun

Magelang, www.jogjatv.tv – Minangka wujud bekti dhateng gurunipun, salebeting pengetan Hari Guru, atusan siswa SMK 17, Kitha Magelang, mijiki suku gurunipun.

Kridha kapurwakan nyanyi lagu Terimakasihku salajengipun atusan siswa misungsungaken sekar dhateng para guru lan mijiki suku gurunipun minangka wujud bekti dhateng gurunipun ingkang sampun paring nggula wentah tanpa pamrih pramila pantes sinebat minangka Pahlawan Tanpa Tanda Jasa. Swasana katingal trenyuh nalika para siswa mijiki suku gurunipun, Salebeting kalodhangan kasebat siswa suka kuweh ulang tahun dhateng gurunipun.

Salah satunggaling guru, Sulistyo Rini rumaos trenyuh awit kawigatosan siswa dhateng gurunipun. ( Yuki Pramudiya )

Share this with friends

Comments are closed.